NARKOBA
Assallamualaikum
wr wb
Bapak
kepala sekolah ingkang kula hormati
Bapak
ibu guru ingkang kula hormati
Rencang
rencang 9b ingkang kula tresnani
Ingkang
sepindhah, mangga kita tansah muji wonten ngarsanipun gusti saha tansah atur
syukur dhumatheng gusti ingkang murbeng dumadi, amargi naming saking rahmat lan
hidayahipun kita saget makempal dhateng mriki kanthi sehat wal afiat
Kaping
kalih, wonten kalodhangan punika kula badhe atur sesuluh dhumateng sedaya ngenani
narkoba. Kita mangertosi wekdal menika narkoba saben dinten tumanter, tv, napa
dene media masa utawi koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados
larangan utamane ing agama, awit sesinteno ingkang ngonsumsi narkoba,
tumindakipun badhe nalisir saking kasusilaan. Ugi kathah ingkang melebet
penjara amarga narkoba. Awit tiyang ingkang ngonsumsi narkoba, ical
kesadaranipun, gampang tumindak anarkis, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan
sakliyane.
Para
rawuh ingkang kula tresnani.
Narkoba
saget ngerusak jasmani saha rohani. Dados mangga sareng-sareng kita tebihi
narkoba, kita perangi narkoba. supados kita mboten kecemplung jurang
kesangsaran. lebih-lebih dhumateng
generasi muda mangga kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi saha merangi
narkoba.
Cekap
semanten atur kula, mugi-mugi ingkang kula aturaken saged ndadosaken
pepenget tumrap kita sedoyo. Menawi
wonten tumpang suhipun atur kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Akhirul
alam
Wasssalamualaikum
wr. wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar